10. Tumuli Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Sira ngadega, yagene sira kok ungkeb-ungkeb mangkono?
11. Wong Israel wus padha gawe dosa, wus padha nerak prasetyaningSun kang wus Sundhawuhake marang dheweke kabeh, iya iku padha njupuk barang kang sinengker, padha nyolong, banjur didhelikake diworake karo barang darbeke.
12. Mulane wong Israel ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhe, padha ngungkurake mungsuhe, amarga wus padha katetepake bakal katumpes, Ingsun ora bakal nunggil karo sira maneh, manawa sira padha ora nyirnakake barang sengkeran iku saka ing tengahira.
13. Wis sira ngadega, bangsa iku sucekna lan dhawuhana mangkene: Padha sesucia tumeka ing dina sesuk, amarga pangandikane Pangeran Yehuwah Allahe Israel mangkene: Ing tengahira ana barang sengkeran, he Israel, sira bakal ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhira sadurunge sira padha nyingkirake barang sengkeran iku saka ing tengahira.
14. Sesuk esuk padha majua miturut talerira dhewe-dhewe, anadene taler kang bakal dituding dening Pangeran Yehuwah iku majua miturut gotrahe dhewe-dhewe, sarta gotrah kang bakal dituding dening Pangeran Yehuwah iku majua miturut kulawargane dhewe-dhewe. Sabanjure kulawarga kang katuding dening Sang Yehuwah iku wonge padha majua ijen-ijen.