Yusak 6:23-27 Kitab Sutji (JAV)

23. Wong nom kang dadi telik mau banjur padha mlebu, Rakhab, bapa-biyunge sarta sadulure dalah sakehing wong kang tunggal saomah karo dheweke, iya sakulawargane kabeh padha digawa metu, nuli dipapanake ing sajabaning pakemahane wong Israel.

24. Nanging kuthane dalah saisine kabeh tumuli diobong ing geni, mung kang arupa selaka lan mas tuwin piranti tembaga lan wesi iku padha dilebokake ing pasimpenaning rajabrana ing padalemane Pangeran Yehuwah.

25. Kaya mangkono dadine Rakhab wong wadon tunasusila sakulawargane sarta kabeh kang melu dheweke kabeh iya padha diparengake lestari urip dening Sang Yusak, banjur tetep pamanggone ana ing tengahe bangsa Israel nganti saprene, amarga saka anggone ndhelikake wong kang diutus dening Sang Yusak nelik kutha Yerikho.

26. Ing nalika samana Sang Senapati Yusak asupaos pangandikane: “Wong kang bakal tumandang mbangun kutha Yerikho iki, kenaa ing laknat ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah; anggone masang tetalese kutha kalawan masrahake anake pembarep lan anggone ngadegake gapurane kalawan masrahake nyawane anake wuragil!”

27. Anadene Sang Yehuwah nunggil karo Senapati Yusak, sarta pawartane banjur kawentar ana ing sawratane negara kono.

Yusak 6