5. Dhasar sakehing wong kang metu saka ing tanah Mesir, iku wus padha katetakan nanging wiwit budhale saka ing tanah Mesir mau sakehe wong kang lair ana ing dalan ing ara-ara samun iku padha durung ditetaki.
6. Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;
7. nanging anak-anake iku kang didadekake gegentine, yaiku kang padha ditetaki Sang Yusak, ujer isih padha ikutan, amarga ana ing dalan durung ditetaki.
8. Bareng wong sabangsa kabeh wus padha katetakan, nuli padha lereb ana ing panggonane dhewe-dhewe ana ing pakemahan nganti sawarase.
9. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Senapati Yusak: “Ing dina iki kanisthaning Mesir wus Sunbirat saka sira.” Mulane panggonan kono iku katelah aran Gilgal nganti saiki.
10. Sajrone wong Israel padha lereb ana ing Gilgal kono, padha ngriyayakake Paskah ing tanggal ping patbelas ing sasi kang lumaku iku, ing wayah sore ana ing tanah ngare ing Yerikho.
11. Ing dina sabubare Paskahan, dadi ing dina iku uga banjur padha mangan roti tanpa ragi lan gandum garangan saka pametune tanah kono.
12. Ing dina candhake, bareng wus padha mangan saka pametune tanah kono iku, glepung man banjur ora tiba maneh. Wong Israel dadine wus padha ora kaparingan man maneh, nanging ing taun iku padha mangan pametune tanah Kanaan.
13. Nalika Sang Senapati Yusak ana ing sacedhake nagara Yerikho, bareng pinuju mirsan-mirsani, katon ana priya jumeneng ing ngarsane, ngasta pedhang ligan, tumuli dipurugi Sang Yusak kalawan pitaken: “Panjenengan punika kanca punapan mengsah?”
14. Wangsulane: “Dudu, Ingsun iki Senapatining wadya-balane Pangeran Yehuwah, lagi rawuh saiki.” Sang Yusak tumuli sujud, wedanane konjem ing bumi, nyembah sarta munjuk: “Gusti kawula karsa ngandika punapa dhumateng ingkang abdi punika?”
15. Senapatining wadya-balane Sang Yehuwah banjur ngandika marang Sang Yusak: “Trumpahira copoten saka ing sikilira, amarga panggonan kang sira enciki iku suci.” Senapati Yusak tumuli iya nglampahi mangkono.