Yusak 4:10-18 Kitab Sutji (JAV)

10. Para imam kang padha ngusung pethi mau padha terus ngadeg ana ing satengahing bengawan Yarden, nganti wus rampung kalakon kabeh apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Senapati Yusak, kang kudu kaprentahake marang bangsa iku, condhong karo apa saprentahe Nabi Musa marang Sang Yusak.

11. Bangsa Israel nuli age-age padha nyabrang, pethine Sang Yehuwah lan para imam tumuli padha lumaku, sinawang dening para umat.

12. Uga wong bani Ruben lan bani Gad lan saparoning bani Manasye padha nyabrang kalawan asikep gegaman ana ing ngarepe wong Israel, ngetrepi apa kang wus kadhawuhake dening Nabi Musa marang wong-wong mau.

13. Bala prajurit kang siyaga ing perang cacahe watara patang puluh ewu, iku padha nyabrang ana ing ngarsane Sang Yehuwah menyang ing tanah ngarene Yerikho, padha arep mangsah perang.

14. Ing dina iku Pangeran Yehuwah ngluhurake asmane Sang Senapati Yusak ana ing ngarepe wong Israel kabeh, temah ing sajege gesang winedenan, kaya anggone wedi marang Nabi Musa.

15. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Sang Yusak mangkene:

16. “Para imam kang ngusung pethining angger-anggere Gusti Allah padha dhawuhana mentas saka ing bengawan Yarden.”

17. Sang Senapati Yusak tumuli dhawuh marang para imam mangkene: “Padha mentasa saka ing bengawan Yarden!”

18. Bareng para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah wus padha mentas saka ing tengahe bengawan Yarden lan lagi bae tlapakane ngancik ing dharatan, banyune bengawan Yarden banjur bali ing panggonane, sarta mili kaya ing maune ngluberi ing pinggire kabeh.

Yusak 4