Yusak 3:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.”

6. Para imam banjur didhawuhi Sang Senapati Yusak, mangkene: “Pethining prasetyan iku usungen banjur padha nyabranga ana ing ngarepe bangsa iku.” Para imam banjur padha ngusung pethi prasetyan sarta lumaku ana ing ngarepe bangsa iku.

7. Apadene Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Senapati Yusak: “Ing dina iki Ingsun bakal miwiti ngluhurake jenengira ana ing ngarepe umat Israel kabeh, supaya iku padha sumurupa, yen Ingsun bakal nunggil karo sira, kayadene anggoningSun nunggil karo Musa.

8. Para imam kang padha ngusung pethi prasetyan padha prentahana: “Satekamu ing pinggiring bengawan Yarden, padha mandhega ing satengahing bengawan kono.”

9. Sang Senapati Yusak banjur dhawuh marang wong Israel: “Padha nyedhaka, ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.”

10. Sarta maneh pangandikane Sang Senapati Yusak: “Iki dadia titikane enggonmu padha sumurup, yen Gusti Allah kang sipat gesang ana ing satengahmu, lan mesthi bakal nundhungi wong Kanaan, wong Het, wong Hewi, wong Feris, wong Girgasi, wong Amori lan wong Yebus, saka ing ngarepmu!

11. Lan pethi prasetyan kagungane Gusti Allahing salumahing bumi lumaku ana ing ngarepmu nyabrang ing bengawan Yarden.

12. Mulane saiki padha miliha wong rolas saka ing taler-taler Israel, saben taler wong siji,

13. manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”

14. Nalika bangsa Israel padha budhal saka ing pakemahan arep nyabrang ing bengawan Yarden, para imam kang ngusung pethi prasetyan lumaku ana ing ngarepe bangsa mau.

15. Dumadakan bareng kang ngusung pethi mau tutug ing bengawan Yarden, lan tlapakaning para imam kang ngusung pethi kacelup ing banyu ing pinggiring bengawan -- sajrone mangsa panen bengawan Yarden iku luber ing sauruting pinggire --

16. banyu kang mili saka ing dhuwur banjur mambeg. Banyu kang mili saka ing dhuwur angendhukur dadi bendungan, dawa banget nganti tekan ing sacedhake kutha Adam, kang kaprenah ana ing sisihe Sartan; dene banyu kang mili menyang ing Segara Araba, yaiku Segara Asin, iku pedhot babar pisan. Bangsa Israel tumuli padha nyabrang prenahe ana ing ngarepe kutha Yerikho.

Yusak 3