Yusak 3:11-17 Kitab Sutji (JAV)

11. Lan pethi prasetyan kagungane Gusti Allahing salumahing bumi lumaku ana ing ngarepmu nyabrang ing bengawan Yarden.

12. Mulane saiki padha miliha wong rolas saka ing taler-taler Israel, saben taler wong siji,

13. manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”

14. Nalika bangsa Israel padha budhal saka ing pakemahan arep nyabrang ing bengawan Yarden, para imam kang ngusung pethi prasetyan lumaku ana ing ngarepe bangsa mau.

15. Dumadakan bareng kang ngusung pethi mau tutug ing bengawan Yarden, lan tlapakaning para imam kang ngusung pethi kacelup ing banyu ing pinggiring bengawan -- sajrone mangsa panen bengawan Yarden iku luber ing sauruting pinggire --

16. banyu kang mili saka ing dhuwur banjur mambeg. Banyu kang mili saka ing dhuwur angendhukur dadi bendungan, dawa banget nganti tekan ing sacedhake kutha Adam, kang kaprenah ana ing sisihe Sartan; dene banyu kang mili menyang ing Segara Araba, yaiku Segara Asin, iku pedhot babar pisan. Bangsa Israel tumuli padha nyabrang prenahe ana ing ngarepe kutha Yerikho.

17. Nanging para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah iku padha mandheg ana ing gasikan ing tengahing bengawan Yarden; dene wong Israel sabangsa kabeh padha nyabrang ana ing gasikan, nganti kabeh wus padha nyabrang ing bengawan kono.

Yusak 3