Yusak 24:18-24 Kitab Sutji (JAV)

18. Sang Yehuwah ingkang sampun nundhungi sakathahipun bangsa saha tiyang Amori, ingkang manggen ing nagari ngriki saking ngajengan kula. Kula inggih sami badhe ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah, amargi inggih Panjenenganipun punika Gusti Allah kita.”

19. Nanging pangandikane Senapati Yusak marang wong-wong mau: “Kowe mangsa padha bisaa ngabekti marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane iku Gusti Allah kang suci, kang butajengan. Panjenengane bakal ora ngapura kaluputan lan dosamu.

20. Menawa kowe padha nyingkur marang Sang Yehuwah lan ngabekti marang allah liyane, Panjenengane bakal nilar kowe lan banjur nandukake kang ora becik marang kowe lan numpes marang kowe, sawuse nyaeni marang kowe ing maune.”

21. Nanging ature wong-wong marang Senapati Yusak: “Boten, kula namung badhe sami ngabekti dhumateng Sang Yehuwah.”

22. Senapati Yusak banjur ngandika marang wong-wong iku: “Kowe padha dadi seksi ing ngatase awakmu dhewe, yen kowe wus padha milih Pangeran Yehuwah lan bakal padha ngabekti marang Panjenengane.” Atur wangsulane wong-wong mau: “Inggih kula sami dados seksi.”

23. “Kang iku ing samengko kowe padha mbuwangana allah liya-liyane kang ana ing tengahmu lan atimu padha adhepna marang Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel.”

24. Atur wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Kula sami badhe ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita saha ngestokaken dhawuhipun.”

Yusak 24