16. Ing kono wong-wong padha mangsuli, ature: “Tebiha saking kula yen kula sami nilara dhumateng Pangeran Yehuwah, lajeng ngabekti dhateng allah sanesipun!
17. Amargi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, punika ingkang sampun ngentasaken kita saking tanah Mesir, papan pangawulan, sarta ingkang sampun nindakaken pratandha-pratandha mukjijat ingkang ageng punika ing sapaningal kula, punapa dene ingkang sampun ngreksa kita wonten ing sauruting margi ingkang kula ambah, saha wonten ing antawisipun sakathahing bangsa ingkang kula langkungi tanahipun.
18. Sang Yehuwah ingkang sampun nundhungi sakathahipun bangsa saha tiyang Amori, ingkang manggen ing nagari ngriki saking ngajengan kula. Kula inggih sami badhe ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah, amargi inggih Panjenenganipun punika Gusti Allah kita.”
19. Nanging pangandikane Senapati Yusak marang wong-wong mau: “Kowe mangsa padha bisaa ngabekti marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane iku Gusti Allah kang suci, kang butajengan. Panjenengane bakal ora ngapura kaluputan lan dosamu.
20. Menawa kowe padha nyingkur marang Sang Yehuwah lan ngabekti marang allah liyane, Panjenengane bakal nilar kowe lan banjur nandukake kang ora becik marang kowe lan numpes marang kowe, sawuse nyaeni marang kowe ing maune.”