Yusak 24:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Senapati Yusak tumuli nglempakake sakehing talere wong Israel ana ing Sikhem, banjur nimbali para tuwa-tuwane Israel lan para panggedhene, para hakime tuwin para tetindhihing wadyabala. Iku kabeh nuli padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah.

2. Senapati Yusak tumuli ngandika marang bangsa iku kabeh: Pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe Israel mangkene: Dhek biyen leluhurira padha manggon ana ing sabrange bengawan Efrat yaiku Terah bapakne Abraham lan Nahor, sarta padha ngabekti marang allah liyane.

3. Nanging leluhurira Abraham nuli Sunpundhut saka ing sabrange bengawan Efrat kono, Sundhawuhi ndlajahi satlatahe tanah Kanaan kabeh, sarta turune Sundadekake akeh tuwin Sunparingi Iskak.

4. Iskak iku Sunparingi Yakub lan Esap; sarta Esap Sunparingi pagunungan Seir dadi darbeke, dene Yakub saanak putune nuli padha lunga menyang ing tanah Mesir.

5. Ingsun banjur ngutus Musa lan Harun sarta tanah Mesir Sundhawuhi wewelak, iya kaya kang Suntindakake ana ing tengahe. Sawuse mangkono sira tumuli padha Sunirid metu.

6. Bareng leluhurira wus padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir lan sira wus padha tekan ing segara, wong Mesir banjur padha nututi para leluhurira kalawan bala kretan lan jaranan nganti tutug ing Segara Teberau.

7. Para leluhurira tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Panjeneengane tumuli ndhatengake peteng ndhedhet ana ing antarane sira lan wong Mesir, sarta ndhatengake banyu segara, satemah wong Mesir iku padha kasasaban ing segara. Mripatira wus padha ndeleng dhewe apa kang Suntandukake marang Mesir. Sawuse mangkono leluhurira padha manggon ana ing ara-ara samun nganti antara lawas.

8. Nuli sira padha Sunirid lumebu ing nagarane wong Amori kang manggon ana ing sabrange bengawan Yarden. Iku padha nglawan perang, nanging padha Sunulungake ing tanganira, temah nagarane banjur sira ejegi lan wonge padha Sunsirnakake saka ing ngarepira.

9. Nalika iku Balak anake Zipor ratu ing Moab, banjur tumandang nglawan wong Israel tuwin kongkonan nyeluk Bileam bin Beor dikon ngipat-ipati leluhurira.

10. Nanging Ingsun ora karsa nyembadani marang Bileam mau, temah sira malah padha diberkahi. Kaya mangkono anggoningSun ngluwari sira saka ing tangane.

11. Bareng sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, lan wus tekan ing Yerikho, wong-wong ing kutha iku, wong Amori, wong Feris, wong Kanaan, wong Het, wong Girgasi, wong Hewi lan wong Yebus banjur padha nglawan perang, nanging padha Sunulungake ing tanganira.

12. Ingsun banjur ngeculake laler cathak ana ing ngarepira, kang marakake wong padha keplayu saka ing ngarepira, padha kaya ratune wong Amori loro, ora srana pedhangira lan ora srana panahira.

13. Kaya mangkono anggone para leluhurira padha Sunparingi nagara, kang padha sira ebeki ora kalawan rekasa, lan kutha-kutha kang ora sira degake, nanging sira kang padha ngenggoni, apadene pakebonan anggur lan wit jaitun kang ora sira tandur, nanging sira kang padha mangan wohe.

Yusak 24