Yusak 22:9-16 Kitab Sutji (JAV)

9. Mangkono dadine bani Ruben, bani Gad tuwin separoning taler Manasye mau padha bali mulih, ninggal wong Banisrael, mangkat saka ing Silo ing tanah Kanaan menyang tanah Gilead, kang wus dadi darbeke lan wus dienggoni ngetrepi dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.

10. Satekane ing Gilead, ing sapinggire bengawan Yarden, ing wewengkone tanah Kanaan, bani Ruben lan bani Gad tuwin separoning talere Manasye mau tumuli padha gawe misbyah ana ing sapinggire bengawan Yarden kono, misbyah kang gedhe.

11. Wong Israel, banjur padha krungu pocapaning wong mangkene: “Lah bani Ruben lan bani Gad tuwin separoning talere Manasye iku padha gawe misbyah madhep marang ing tanah Kanaan, ana ing Gelilot sapinggire kali Yarden sandhinge dhaerahe wong Israel.”

12. Wong Israel bareng krungu warta mangkono, tumuli padha nglumpuk ana ing Silo, sumedya nglurugi perang.

13. Wong Israel banjur padha kongkonan nemoni bani Ruben, bani Gad tuwin separoning talere Manasye menyang ing tanah Gilead, kang dikongkon Imam Pinehas bin Eleazar

14. kanthi para panggedhe sapuluh, saben talere panggedhe siji, saka sakehe talere Israel; siji-sijine dadi panggedhening kulawargane ana ing satengahe kulawangsane Israel.

15. Bareng wus ketemu karo wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning talere Manasye ana ing tanah Gilead, wong-wong iku tumuli padha dipituturi mangkene:

16. “Pituture umate Sang Yehuwah kabeh mangkene: Kepriye dene kowe padha nglakoni panggawe kang ora setya marang Gusti Allahe Israel, kowe padha ngungkurake Pangeran Yehuwah yaiku anggonmu padha gawe misbyah kanggo kowe dhewe, dadine ing dina iki padha mbalila marang Sang Yehuwah?

Yusak 22