17. Laku ngiwa kang krana saka Peor iku apa durung cukup ing ngatase kita; mangka tumeka ing dina iki najis kita iku durung karesikan, kang njalari umate Sang Yehuwah ketaman ing wewelak;
18. ewadene kowe iku saiki kok padha ngungkurake Sang Yehuwah maneh. Menawa ing dina iki kowe padha mbalela marang Sang Yehuwah, sesuk bakal ana bebendu kang tumempuh marang umat Israel kabeh.
19. Dene menawa tanah darbekmu iku kadunungan najis, mara ta padha nyabranga menyang ing tanah kagungane Sang Yehuwah, ing panggonaning Tarub Sucine Sang Yehuwah, lan padha manggona ana ing tengahku kana. Mung bae aja mbalela marang Sang Yehuwah, lan iya aja mbalela marang aku kabeh kanthi gawe misbyah kanggo awakmu dhewe, kejaba saka misbyah kagungane Sang Yehuwah Gusti Allah kita.
20. Nalika Akhan bin Zerah nglakoni panerak tumrap barang tebusan, rak tumuli ana bebendu kang tumiba ing umate Israel kabeh, tur ora ngemungake wong siji iku bae kang mati marga saka dosane.”