13. Wong Israel banjur padha kongkonan nemoni bani Ruben, bani Gad tuwin separoning talere Manasye menyang ing tanah Gilead, kang dikongkon Imam Pinehas bin Eleazar
14. kanthi para panggedhe sapuluh, saben talere panggedhe siji, saka sakehe talere Israel; siji-sijine dadi panggedhening kulawargane ana ing satengahe kulawangsane Israel.
15. Bareng wus ketemu karo wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning talere Manasye ana ing tanah Gilead, wong-wong iku tumuli padha dipituturi mangkene:
16. “Pituture umate Sang Yehuwah kabeh mangkene: Kepriye dene kowe padha nglakoni panggawe kang ora setya marang Gusti Allahe Israel, kowe padha ngungkurake Pangeran Yehuwah yaiku anggonmu padha gawe misbyah kanggo kowe dhewe, dadine ing dina iki padha mbalila marang Sang Yehuwah?
17. Laku ngiwa kang krana saka Peor iku apa durung cukup ing ngatase kita; mangka tumeka ing dina iki najis kita iku durung karesikan, kang njalari umate Sang Yehuwah ketaman ing wewelak;
18. ewadene kowe iku saiki kok padha ngungkurake Sang Yehuwah maneh. Menawa ing dina iki kowe padha mbalela marang Sang Yehuwah, sesuk bakal ana bebendu kang tumempuh marang umat Israel kabeh.