1. Sawuse mangkono Senapati Yusak nimbali wong Ruben lan wong Gad apadene separoning taler Manasye,
2. iku padha kadhawuhan mangkene: “Kowe wus padha netepi sakabehing prentahe Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah marang kowe, lan iya wus ngestokake samubarang kang dakprentahake marang kowe.
3. Para sadulurmu ora padha koktinggal-tinggal wiwit nalika samana, nganti tumeka ing dina iki; malah kowe wus padha ngemen-ngemenake pamanutmu marang pepakene Sang Yehuwah Allahmu.
4. Anadene saiki Sang Yehuwah Gusti Allahmu wus paring tentrem marang para sedulurmu, kaya kang wus dadi prasetyane; mulane saiki kowe padha muliha menyang kemahmu, iya menyang bumi darbekmu, peparinge Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe ana sabrange bengawan Yarden.
5. Mung ditlaten kang banget anggonmu padha netepi pepakon lan angger-angger kang wus diprentahake dening Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe, bab enggonmu padha tresna marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu, lan padha ngambaha ing sakehe dalan pitedhahe, tansah netepi ing pepakene klawan rumaket marang Panjenengane, apadene padha ngabektia klawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”