4. Undhiane nuli tumiba marang gotrah-gotrahe wong Kehat. Panunggalane wong Lewi kang klebu tedhake Imam Harun padha oleh undhian kutha telulas saka taler Yehuda, taler Simeon lan taler Benyamin.
5. Dene kekarene wong Kehat iku padha oleh kutha sepuluh sarana kaundhi saka taler Efraim, taler Dhan lan saka separone taler Manasye.
6. Turune Gerson padha oleh kutha telulas sarana kaundhi saka taler Isakhar, taler Asyer, taler Naftali lan saka separoning taler Manasye kang ana ing tanah Basan.
7. Trahe Merari padha oleh kutha rolas sarana kaundhi saka taler Ruben, teler Gad, lan taler Zebulon.
8. Mangkono dadine kutha-kutha mau dalah pangonane padha dipasrahake wong Israel marang wong Lewi sarana kaundhi, kaya kang wus didhawuhake Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.
9. Kang dipasrahake saka taler bani Yehuda lan saka taler bani Simeon iku kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki: