1. Senapati Yusak bin Nun kalawan sidheman banjur ngutus wong loro saka Sitim kakarsakake nelik, pangandikane: “Kowe padha mangkata, niti-priksaa nagara iku lan kutha Yerikho.” Wong mau tumuli padha mangkat, lan teka ing omahe sawijining wong wadon tunasusila, jenenge Rakhab lan nginep ana ing kono.
2. Ratu ing Yerikho tumuli kaaturan uninga, mangkene: “Kala wau dalu wonten tiyang panunggilanipun bangsa Israel dhateng nelik negari ngriki.”
3. Ratu ing Yerikho banjur utusan menyang ing omahe Rakhab, dhawuhe: “Wong-wong kang padha nekani sira lan padha teka ing omahira iku padha ladekna mrene, amarga tekane arep nelik negara kene kabeh.”
4. Nanging wong wadon mau wus nggawa wong loro mau, kang banjur didhelikake. Ature: “Pancen wonten tiyang jaler ndhatengi kula, nanging kula boten mangertos saking pundi pinangkanipun;
5. lan sareng wancinipun gapuranipun badhe kakancing saha sampun peteng, tiyang-tiyang wau sami kesah; kula boten sumerep dhateng pundi purugipun; kula aturi ngoyak, mesthi badhe ketututan.”
6. Nanging satemene wong mau padha dikon munggah ing payon lan diumpetake ing ngisore tumpukan rami, kang didekek ing payon kono.