45. Yehud, Bene-Berak, Gat-Rimon,
46. Me-Yarkon lan Rakon, karo tlatah ing sisih kanane Yafo.
47. Nanging sarehne tlatahe bani Dhan iku kerupeken, bani Dhan banjur padha nglurug perang nglawan kutha Lesem; iku nuli kabedhah, wonge padha katumpes klawan landheping pedhang, sarta nagarane tumuli diejegi lan dienggoni; kutha Lesem mau tumuli dielih arane dadi Dhan, miturut asma Dhan leluhure.
48. Iku mau tanah-pusakane talere bani Dhan miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.
49. Sawuse wong Israel rampung anggone padha ngedum nagara iku dadi tanah-pusakane miturut dhaerah-dhaerahe, wong Israel banjur padha ngaturi tanah-pusaka marang Senapati Yusak, bin Nun ana ing satengahe.
50. Manut dhawuhe Sang Yehuwah Senapati Yusak diaturi kutha kang dikarsakake, yaiku: Timnat-Serah ing pagunungan Efraim; kutha iku nuli dibangun lan didalemi.
51. Iku mau tanah-pusaka kang padha didum-dumake sarana kaundhi ana ing Silo dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak, bin Nun sarta para panggedhening taler ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe lawang Tarub-Pasewakan. Mangkono anggone padha ngrampungake pangeduming nagara iku.