31. Yaiku tanah-pusakane taler bani Asyer miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.
32. Undhian kang kanem iku tumiba marang bani Naftali, yaiku marang bani Naftali miturut gotrahe.
33. Dhaerahe wiwit ing Helef, saka wit kayu elon ing Zaananim, Adami-Nekeb lan Yabneel tutug ing Lakum, sarta anjog ing bengawan Yarden.
34. Watese banjur bali mangulon menyang ing Asnot-Tabor, terus menyang ing Hukok, nyremped ing tlatahe Zebulon sisih kidul, nyremped tlatahe Asyer, ing sisih kulon sarta laladan Yehuda ing bengawan Yarden, pener pletheking srengenge.
35. Kutha-kuthane beteng yaiku: Zidim, Zer, Hamat, Rakat, Kineret.
36. Adama, Rama, Hazor,
37. Kedesy, Edrei, En-Hazor,
38. Yiron, Migdal-El, Horem, Bet-Anat, lan Bet-Semes, kutha sangalas karo desa-desane.
39. Iku tanah-pusakane taler bani Naftali miturut gotrahe, iya kutha-kutha iku karo desa-desane.
40. Undhian kang kapitu iku tumiba marang talere bani Dhan miturut gotrahe.
41. Kang dadi tanah-pusakane yaiku: Zora, Esytaol, Ir-Semes,
42. Saalabin, Ayalon, Yitla,
43. Elon, Timna, Ekron,
44. Elteke, Gibeton, Baalat,
45. Yehud, Bene-Berak, Gat-Rimon,
46. Me-Yarkon lan Rakon, karo tlatah ing sisih kanane Yafo.
47. Nanging sarehne tlatahe bani Dhan iku kerupeken, bani Dhan banjur padha nglurug perang nglawan kutha Lesem; iku nuli kabedhah, wonge padha katumpes klawan landheping pedhang, sarta nagarane tumuli diejegi lan dienggoni; kutha Lesem mau tumuli dielih arane dadi Dhan, miturut asma Dhan leluhure.
48. Iku mau tanah-pusakane talere bani Dhan miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.
49. Sawuse wong Israel rampung anggone padha ngedum nagara iku dadi tanah-pusakane miturut dhaerah-dhaerahe, wong Israel banjur padha ngaturi tanah-pusaka marang Senapati Yusak, bin Nun ana ing satengahe.