1. Undhian kang kapindho tumiba marang taler Simeon, yaiku talere bani Simeon miturut gotrahe, tanah-pusakane kaprenah ana ing tengah-tengahing tanah-pusakane bani Yehuda.
2. Dene kang dadi darbeke yaiku: Bersyeba, Syeba, Molada,
3. Hazar-Sual, Bala, Ezem,
4. Eltolad, Betul, Horma,
5. Ziklag, Bet-Hamarkabot, Hazar-Susa,
6. Bet-Lebaot lan Sarukhen, kutha telulas lan desa-desane,
7. En-Rimon, Eter, lan Asan, kutha papat lan desa-desane,
8. uga sakehing desa kang ana ing sakubenge kutha iku mau tutug ing Baalat-Beer, yaiku Rama, ing tanah kidul. Iku tanah-pusakane talere bani Simeon, miturut gotrahe.
9. Tanah-pusakane bani Simeon iku kajupuk saka pandumane bani Yehuda, amarga tanah-pusakane bani Yehuda kakehan, mulane bani Simeon padha oleh tanah-pusaka ana ing satengahe tanah-pusakane Yehuda.
10. Undhian kang katelu iku tumiba marang bani Zebulon miturut gotrahe; watesing tanah-pusakane iku tutug ing Sarid.