4. Iku padha marak marang ing ngarsane Imam Eleazar lan marang ing ngarsane Senapati Yusak bin Nun sarta ing ngarsane para panggedhe, ature: “Sang Yehuwah sampun dhawuh dhateng Nabi Musa supados kula sami kaparingana tanah-pusaka wonten ing satengahing sanak-sadherek kula.” Mulane anake wadon Zelafehad mau banjur padha diparingi tanah-pusaka ana ing satengahe para sadulure bapakne, condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah.
5. Mulane taler Manasye oleh sepuluh panduman, liya saka tanah Gilead lan tanah Basan kang ana ing sabrange bengawan Yarden.
6. Amarga turune Manasye kang wadon padha melu oleh tanah-pusaka ana ing satengahe anak lanang; dene tanah Gilead wus tumiba ing turune Manasye kang lanang liyane.
7. Dadine tapel-watese tlatahe taler Manasye iku wiwit saka ing Asyer tutug ing Mikhmetat, ing sawetane Sikhem, banjur mangidul tutug ing panggonane wong ing En-Tapuah.
8. Dene tanah Tapuah iku, duweke suku Manasye, nanging kutha Tapuah dhewe kang cedhak karo tapel-watese dhaerah Manasye, iku duweke bani Efraim.
9. Wates mau banjur medhun menyang ing kali Kana, ing sakidule kali iku; dene kutha-kutha ing kono iku padha melu Efraim sanadyan ana ing tengah-tengahe kutha-kuthane Manasye; watese tlatahe Manasye nuli metu ing saloring kali, anjog ing segara.
10. Kang sisih kidul melu Efraim, kang sisih lor melu Manasye, dene kang dadi watese segara; ing sisih lor tunggal wates karo Asyer, lan ing sisih wetan karo Isakhar.