5. Dene tlatahe bani Efraim miturut gotrahe iku mangkene: tapel-watesing tanah-pusakane iku ing sisih wetan wiwit ing Atarot-Adar tutug ing Bet-Horon ing tengger.
6. Mangulon watese iku metu ing salore Mikhmetat; tumuli nekuk mangetan menyang ing Taanat-Silo, saka ing kono terus nganti tutug ing sawetane Yanoah,
7. medhun saka ing Yanoah menyang ing Atarot lan Naharat notog ing dhaerah Yerikho lan banjur menyang ing bengawan Yarden.
8. Saka ing Tapuah wates iku banjur mangulon menyang ing kali Kana lan anjog ing sagara. Iku tanah-pusakane taler Efraim miturut gotrahe.
9. Sabanjure ana kutha-kutha kang ditetepake kanggo bani Efraim ana ing satengahe tanah-pusakane bani Manasye, kutha-kutha mau dalah desa-desane.
10. Nanging bani Efraim padha ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan iku padha isih manggon ana ing satengahe suku Efraim nganti saprene, mung bae padha dadi kuli njangga karya.