2. Saka ing kutha Betel menyang ing Lus, terus menyang ing tlatahe wong Arki, menyang ing Atarot,
3. banjur mudhun mangulon menyang ing tlatahe wong Yaflet, tutug ing tlatah Bet-Horon ing lebak lan sateruse nganti tekan ing Gezer, lan anjog ing segara.
4. Iku tanah-pusaka kang ditampani bani Yusup yaiku suku Manasye lan suku Efraim.
5. Dene tlatahe bani Efraim miturut gotrahe iku mangkene: tapel-watesing tanah-pusakane iku ing sisih wetan wiwit ing Atarot-Adar tutug ing Bet-Horon ing tengger.