60. Kiryat-Baal, yaiku Kiryat-Yearim, lan Raba, kutha loro karo desa- desa wewengkone.
61. Kang ana ing ara-ara samun: Bet-Araba, Midin, Sekhakha,
62. Nibsan, kutha Uyah lan Engedi: kutha nem karo desa-desa wewengkone.
63. Nanging wong Yebus kang padha manggon ing Yerusalem ora bisa padha katundhung, dadine wong Yebus mau padha manggon awor karo bani Yehuda ana ing Yerusalem nganti saprene.