Yusak 15:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. Banjur munggah tutug ing Bet-Hogla tumuli ngliwati sisih lore Bet-Araba, munggah maneh tutug ing watu Bohan, bin Ruben.

7. Sabanjure wates iku munggah saka ing lebak Akhor marang ing Debir, menggok mangalor ngener ing Gilgal, ing penere unggah-unggahan ing Adumim, sakiduling kali, nuli terus menyang ing sendhang En-Semes lan metu ngener ing sendhang En-Rogel.

8. Saka ing kono wates iku munggah metu ing Lebak Ben-Hinom, nurut ing ereng-erenge gunung Yebus sisih kidul, iya iku ing Yerusalem, banjur munggah maneh tutug ing pucake gunung kang ana ing ngarepe Lebak Hinom ing sisih kulon, ing pungkasane lebake wong Efraim, kang sisih lor.

9. Saka ing pucake gunung mau watese mlengkung menyang ing sendhang Me-Neftoakh lan banjur tutug ing kutha-kuthane pagunungan Efron, saka ing kono mlengkung menyang ing Baala, iya iku ing Kiryat-Yearim.

Yusak 15