14. Lan rama Kaleb nundhung wong Enak telu saka ing kono yaiku: Sesai, Ahiman lan Talmai, anak-anake Enak.
15. Saka ing kono Rama Kaleb banjur nglurugi bangsa Debir, Jeneng Debir iku maune Kiryat-Sefer.
16. Rama Kaleb nuli ngandika mangkene: “Sing sapa nggempur kutha Kiryat-Sefer nganti bisa bedhah, bakal dakpek mantu dakolehake anakku wadon Akhsa.”
17. Kutha mau banjur dibedhah dening Sang Otniel, putrane Sang Kenas, sadhereke Rama Kaleb, mulane Rama Kaleb banjur maringake Akhsa, putrane putri, marang panjenengane dadi garwane.
18. Bareng Ibu Akhsa mau wus rawuh, sing kakung banjur diojok-ojoki supaya nyuwun pategalan marang ramane. Ibu Akhsa tumuli mandhap saka ing kuldine, Rama Kaleb ndangu: “Ana apa?”