Yusak 11:6-12 Kitab Sutji (JAV)

6. Sang Yehuwah paring pangandika marang Senapati Yusak: “Sira aja wedi adu arep karo wong iku, amarga sesuk ing wayah mangkene iku bakal padha Sunulungake kabeh wus kagecak marang wong Israel. Jarane padha sira kencetana lan karetane perang padha obongana ing geni.”

7. Senapati Yusak sabalane kabeh tumuli teka dumrojog nempuh mungsuh mau ana ing sacedhake sendhang Merom;

8. iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, banjur digecak lan dioyak terus nganti tutug ing Sidon-Gedhe lan ing Misrefot-Maim, apadene tutug ing lebak Mizpa sisih wetan; anggone nggecak nganti ora ana siji-sijia kang bisa oncat

9. padha dipatrapi dening Senapati Yusak kaya dene anggone wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah: jarane padha dikenceti lan karetane perang padha diobongi ing geni.

10. Ing waktu samana Senapati Yusak tumuli wangsul, mbedhah kutha Hazor lan ratune disedani klawan pedhang. Amarga Hazor iku maune kang pinunjul dhewe saka ing antarane sakehing karajan.

11. Kabeh kang urip ana ing kutha mau dipateni klawan landheping pedhang, wong-wong ing kono padha katumpes. Kabeh kang ambekan ora ana kang diuripi siji-sijia, dene Hazor diobong.

12. Sabanjure sakehing kuthane para ratu mau padha dirayud Senapati Yusak lan ratune kabeh padha disedani klawan landheping pedhang, padha ditumpes kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.

Yusak 11