Yusak 10:38-43 Kitab Sutji (JAV)

38. Senapati Yusak banjur wangsul menyang ing kutha Debir, kadherekake wong Israel kabeh, kutha iku uga tinempuh ing perang,

39. nagara iku dalah ratune lan sakehing nagara wewengkone, padha karayud sarta kagecak klawan landheping pedhang. Sakehing wong ing kono padha dipateni, ora ana siji-sijia kang bisa oncat; padha kaya kang wus katandukake marang Hebron lan Libna sarta ratune, Debir saratune uga kapatrapan mangkono.

40. Kaya mangkono anggone Senapati Yusak ngawonake nagara iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb, ing Dhaerah Pagunungan lan ing perenging gunung dalah ratune, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kabeh kang ambekan padha dipateni, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

41. Senapati Yusak anggone nggecak mungsuhe iku wiwit ing kutha Kadesy-Barnea nganti tutug ing Gaza, uga sawratane tanah Gosyen nganti tutug ing Gibeon.

42. Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.

43. Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing kutha Gilgal, kadherekake dening wong Israel kabeh.

Yusak 10