30. Lan kutha iku uga diulungake Sang Yehuwah marang wong Israel dalah ratune; kuthane digecak dening Senapati Yusak klawan landheping pedhang dalah sakehe wong saisine kutha, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, sarta ratune dipatrapi padha kaya kang wus ditandukake marang ratu ing Yerikho.
31. Senapati Yusak tumuli nglajengake tindake saka ing Libna menyang ing Lakhis, kadherekake wong Israel kabeh, kuthane iku banjur dikepung lan ditempuh ing perang.
32. Anadene Sang Yehuwah ngulungake Lakhis mau marang wong Israel. Ing dina kapindhone wus karebut dening Senapati Yusak. Kutha dalah saisine digecak klawan landheping pedhang, trep kaya kang wus katandukake marang Libna.
33. Prabu Horan, ratu ing Gezer banjur rawuh karsa mbiyantu kutha Lakhis, nanging disedani dening Senapati Yusak dalah rakyate, nganti ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat.
34. Senapati Yusak banjur nglajengake pangluruge kadherekake wong Israel kabeh saka Lakhis menyang ing Eglon: kutha iku banjur dikepung lan ditempuh ing prang.
35. Bareng sedina iku uga kuthane wus bedhah, lan digecak klawan landheping pedhang, sakehe wong kang ana ing kono padha dipateni bareng sedina iku uga, padha kaya kang katandukake marang kutha Lakhis.
36. Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur nglurug saka ing kutha Eglon menyang ing kutha Hebron, kadherekake dening wong Israel kabeh, kutha iku tumuli ditempuh ing prang.
37. Nagara iku kabedhah lan kagecak klawan landheping pedhang dalah ratune lan sakehing kutha wewengkone tuwin sakehing wong kang manggon ing kono, ora ana siji-sijia kang bisa oncat trep kaya kang wus katandukake marang Eglon, kutha iku dalah sakehe wong saisine padha katumpes.
38. Senapati Yusak banjur wangsul menyang ing kutha Debir, kadherekake wong Israel kabeh, kutha iku uga tinempuh ing perang,
39. nagara iku dalah ratune lan sakehing nagara wewengkone, padha karayud sarta kagecak klawan landheping pedhang. Sakehing wong ing kono padha dipateni, ora ana siji-sijia kang bisa oncat; padha kaya kang wus katandukake marang Hebron lan Libna sarta ratune, Debir saratune uga kapatrapan mangkono.
40. Kaya mangkono anggone Senapati Yusak ngawonake nagara iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb, ing Dhaerah Pagunungan lan ing perenging gunung dalah ratune, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kabeh kang ambekan padha dipateni, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
41. Senapati Yusak anggone nggecak mungsuhe iku wiwit ing kutha Kadesy-Barnea nganti tutug ing Gaza, uga sawratane tanah Gosyen nganti tutug ing Gibeon.
42. Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.
43. Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing kutha Gilgal, kadherekake dening wong Israel kabeh.