Yusak 10:27-33 Kitab Sutji (JAV)

27. Bareng wayah ngarepake suruping srengenge Senapati Yusak dhawuh ngudhunake mayite saka ing kayu mau sarta padha dibuwang ing jero guwa, panggonane ndhelik. Cangkeming guwa mau banjur ditutupi watu gedhe-gedhe, kang isih ana nganti saprene.

28. Ing dina iku Senapati Yusak mbedhah kutha Makeda lan digecak klawan landheping pedhang, uga ratune; kuthane dalah wong saisine kutha padha ditumpes, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat lan ratu ing Makeda iku dipatrapi padha kaya kang wus katandukake marang ratu ing kutha Yerikho.

29. Sawuse mangkono Senapati Yusak nglajengake pangluruge kadherekake dening wong Israel kabeh, saka ing kutha Makeda menyang ing Libna, banjur nempuh perang nglawan Libna.

30. Lan kutha iku uga diulungake Sang Yehuwah marang wong Israel dalah ratune; kuthane digecak dening Senapati Yusak klawan landheping pedhang dalah sakehe wong saisine kutha, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, sarta ratune dipatrapi padha kaya kang wus ditandukake marang ratu ing Yerikho.

31. Senapati Yusak tumuli nglajengake tindake saka ing Libna menyang ing Lakhis, kadherekake wong Israel kabeh, kuthane iku banjur dikepung lan ditempuh ing perang.

32. Anadene Sang Yehuwah ngulungake Lakhis mau marang wong Israel. Ing dina kapindhone wus karebut dening Senapati Yusak. Kutha dalah saisine digecak klawan landheping pedhang, trep kaya kang wus katandukake marang Libna.

33. Prabu Horan, ratu ing Gezer banjur rawuh karsa mbiyantu kutha Lakhis, nanging disedani dening Senapati Yusak dalah rakyate, nganti ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat.

Yusak 10