1. Ana ing sajroning wetenge iwak iku, Nabi Yunus ndedonga marang Pangeran Yehuwah Allahe,
2. unjuke:“Ing salebeting kasisahan, kawula sesambat dhateng Pangeran Yehuwahlajeng inggih dipun sembadani,wonten ing guwa-garbaning pejah kawula nyuwun tulung,Paduka lajeng miyarsakaken swanten kawula.
3. Kawula sampun Paduka cemplungaken dhateng ing teleng,inggih ing dhasaring samodra,kawula lajeng kakupeng ing ombaking toya,sakathahing alun lan ombak Padukanasabi badan kawula.
4. Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka,punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci.
5. Kawula sampun kinepang ing sakathahing toya ingkang ngancam nyawa kawula,kawula kasasaban ing samodra agung;sirah kawula kagubed-gubed ing lumuting samodra