4. Nanging Pangeran Yehuwah ndhatengake prahara ana ing sagara, temah ing sagara kono banjur ana prahara gedhe, praune nganti meh-meh bae pecah ambyar.
5. Para awak-awaking prau padha kataman giris, kabeh padha sesambat marang allahe dhewe-dhewe, sarta momotan kang ana ing prau padha dibuwangi ing sagara supaya praune dadi entheng. Nanging Nabi Yunus iku wus mandhap menyang ing peranganing prau kang ngisor dhewe lan banjur sarean, wasana sare kepatos.
6. Panggedhening prau tumuli marani Nabi Yunus, pangucape: “Kadospundi sampeyan punika, dene kok saged tilem kepatos makaten? Sumangga sampeyan tangi, lajeng nyebut dhateng Allah sampeyan, bokmanawi Allah punika karsa ngengeti dhateng kita, temah boten ngantos manggih bilai.”
7. Para wong isine prau banjur padha sapocapan mangkene: “Payo padha mbuwang undhi, supaya tetelaa sapa kang njalari kita katempuh ing bilai mangkene iki.” Tumuli iya kelakon mbuwang undhi, lan Nabi Yunus kang kena.