Yudas 1:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. Anadene Panjenengane nahan malaekat kang ora padha netepi wates-watesing panguwasane, nanging padha ninggal papan padunungane, srana blenggu kang langgeng ana ing pepeteng nganti tekaning pangadilan ing dina gedhe,

7. iya kayadene Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing saubenge, kang carane laku jina padha kaya mangkono iku sarta padha mburu kamareman kang ora lumrah, anggone wus padha kasiksa ing geni langgeng, minangka pepeling tumrap sakabehing manungsa.

8. Ewadene wong kang padha ngimpi-impi kaya mangkono iku njemberake badane sarta ngremehake panguwasaning Allah sarta nyenyamah sakehing kamulyan.

9. Nanging Sang Mikhael, panggedhening para malaekat, nalika padudon karo Iblis bab layone Nabi Musa, ora wani ngetrapake tembung panyenyamah, mung ngucap mangkene, “Kowe muga didukanana dening Pangeran

10. Mangka wong-wong iku padha nyenyamah marang kang ora disumurupi malah kang disumurupi saka watake dhewe, kaya patrape kewan kang tanpa budi, iku kang njalari karusakane.

11. Bilai wong-wong iku, sabab padha mulad lakune Kain lan nyemplung ing panasarane Bileam, marga saka mburu opah, sarta padha tumpes, marga saka anggone mbalela kayadene Korakh.

12. Wong iku padha dadi blentong ana ing bujananing katresnanmu, samangsa melu kepungan, ora duwe isin, melu mbruwah mburu enake dhewe. Wong iku padha kaya mega kan tanpa banyu kang kabur katut ing angin; prasasat wit-witan kang ora metokake woh ing mangsa gogrog godhonge, kaya wit-witan kang sol saoyod-oyode sarta kang mati kaping pindho.

13. Prasasat ombaking sagara kang mawalikan, kang ngunthukake kanisthane dhewe, padha kaya lintang-lintang kang wus kacawisan panggonan ana in jagading pepeteng langgeng salawase.

14. Mungguh ing wong-wong iku, iya wis ana pamecane Sang Henokh, turun kang kapitu saka Bapa Adam, wiraose: “Lah Pangeran rawuh ginarebeg ing abdine para suci puluhan ewu

15. karsa nindakake pangadilan tumrap wong kabeh, sarta matrapi paukuman marang sakehing pratingkah mblasar kang padha dilakoni, sarta jalaran saka sakehing tembung kang nistha, kan diucapake dening para wong dosa kang mblasar iku marang Pangeran.”

16. Iku wong kang padha grundelan lan ora nrima ing pepesthen, urip nuruti hawa-nepsu, nanging cangkeme padha ngucapake tembung-tembung kang ngayawara, ngonggrong wong, supaya oleh kauntungan.

Yudas 1