Yokanan 7:39-47 Kitab Sutji (JAV)

39. Pangandikane mangkono iku mau kang dikarsakake yaiku Roh, kang bakal ditampa dening wong-wong kang padha pracaya marang Panjenengane. Dene nalika samana Roh Suci durung rawuh, amarga Gusti Yesus durung kamulyakake.

40. Wong akeh iku bareng krungu pangandika iku mau, ana sawatara kang banjur ngucap: “Nyata yen iku Kangjeng Nabi kang kita anti-anti.”

41. Liyane calathu: “Iku Sang Kristus.” Lan ana maneh kang ngucap: “Dudu, wijile Sang Kristus iku ora saka ing Galilea!

42. Amarga manut wirasane Kitab Suci wijile Sang Mesih iku mesthi saka trahe Sang Prabu Dawud.”

43. Temahane wong golongan padha diya-diniya bab ing ngatase Gusti Yesus.

44. Sarta ana panunggalane sawatara kang padha arep nyekel Panjenengane, ewadene ora ana kang nganti wani nggepok sarirane.

45. Wong jaga mau tumuli padha menyang ing ngarsane para pangarepe imam lan para wong Farisi, sarta dipangandikani: “Kena apa kok ora kokgawa?”

46. Wangsulane wong-wong iku: “Salaminipun dereng nate wonten tiyang ingkang wicanten kados tiyang punika!”

47. Wangsulane para wong Farisi marang para wong jaga mau: “Apa kowe iya wus padha disasarake?

Yokanan 7