30. Ing kono wong-wong mau padha ngarah nyekel Gusti Yesus, ewadene ora ana kang nganti nggepok sarirane, amarga durung tekan ing wektune.
31. Ananging ing antarane wong akeh iku akeh kang padha pracaya marang Panjenengane sarta pangucape: “Manawa Sang Kristus rawuh, apa iya bakal nindakake mukjijat luwih akeh katimbang karo kang katindakake dening panjenengane iki?”
32. Para wong Farisi tumuli padha krungu yen wong akeh padha grenengan kaya mangkono ing bab Panjenengane, mulane para pangareping imam lan para wong Farisi banjur padha kongkonan para tukang jaga Padaleman Suci dikon nyekel Panjenengane.
33. Gusti Yesus banjur ngandika: “Mung kari sawatara mangsa anggonKu ana ing antaramu, nuli Aku bakal sowan marang kang ngutus Aku.
34. Kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging ora bakal ketemu, sarta kowe padha ora bisa marani padununganKu.”
35. Wong-wong Yahudi tumuli padha sapocapan: “Menyang ngendi ta parane wong kuwi, dene nganti aku ora padha bisa nemokake? Apa arep marani wong kang padha ngumbara ana ing antarane wong Yunani, arep memulang wong Yunani?
36. Apa tegese tembung kang diucapake: Kowe bakal padha nggoleki Aku nanging ora bakal ketemu, sarta kowe ora bakal padha bisa marani padununganKu?”
37. Bareng dina wekasan yaiku nalika gedhe-gedhening riyaya mau, Gusti Yesus jumeneng sarta nguwuh: “Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombea!
38. Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine!”
39. Pangandikane mangkono iku mau kang dikarsakake yaiku Roh, kang bakal ditampa dening wong-wong kang padha pracaya marang Panjenengane. Dene nalika samana Roh Suci durung rawuh, amarga Gusti Yesus durung kamulyakake.
40. Wong akeh iku bareng krungu pangandika iku mau, ana sawatara kang banjur ngucap: “Nyata yen iku Kangjeng Nabi kang kita anti-anti.”