2. Nalika iku ngarepake riyayane wong Yahudi kang aran riyaya Tancebing Tarub.
3. Kang iku sadherek Gusti Yesus padha matur marang Panjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengan inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakaken.
4. Sabab sadaya tiyang ingkang ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah punika rak boten wonten ingkang tumindak kanthi sesidheman. Manawi Panjenengan nglampahi pandamel makaten punika, suwawi Panjenengan ngedheng dhateng jagad.”
5. Sabab dalah para sadhereke iya padha ora pracaya marang Panjenengane.
6. Gusti Yesus tumuli ngandika marang sadherek mau: “Durung tumeka ing wektuKu, nanging tumrape kowe kabeh tansah ana wektune.
7. Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala.
8. Kowe padha mangkata nekani riyaya iku, Aku durung mangkat mrana, awit durung tumeka ing wektuKu.”
9. Gusti Yesus sawuse ngandika mangkono banjur kantun ana ing tanah Galilea.
10. Nanging bareng para sadhereke wus mangkat nekani riyaya mau, Panjenengane iya tindak, nanging ora ngeblak, dadi kanthi sesidheman.
11. Nalika riyaya, wong-wong Yahudi padha nggoleki Panjenengane calathune: “Wonge ana ing ngendi?”
12. Sarta ing antarane wong akeh mau keprungu rerasanan bab Panjenengane; ana kang ngucap mangkene: “Iku wong becik.” Liyane maneh: “Ora, iku nasarake wong akeh.”