12. Sarta ing antarane wong akeh mau keprungu rerasanan bab Panjenengane; ana kang ngucap mangkene: “Iku wong becik.” Liyane maneh: “Ora, iku nasarake wong akeh.”
13. Ewadene ora ana wong siji-sijia kang wani rembugan ngeblak bab Panjenengane, awit wedi marang wong Yahudi.
14. Bareng wus nengah-nengahi riyaya, Gusti Yesus lumebet ing Padaleman Suci sarta memulang.
15. Wong Yahudi padha kaeraman, pangucape: “Wong iku olehe kawruh kang kaya mangkono iku saka ing ngendi, dene ora nganggo sinau!”
16. Gusti Yesus mangsuli: “Piwulang iki dudu piwulangKu dhewe, nanging piwulange kang ngutus Aku.
17. Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngreti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe.
18. Wong kang rembuge saka karepe dhewe iku ngarah kaluhurane dhewe. Nanging wong kang ngupaya kaluhurane kang ngutus, iku kang temen, sarta ora kadunungan cidra.