Yokanan 5:38-47 Kitab Sutji (JAV)

38. apadene pangandikane ora tetep dumunung ing kowe, awit kowe padha ora ngandel marang kang diutus.

39. Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku,

40. suprandene kowe padha lumuh marani Aku supaya nduwenana urip iku.

41. Aku ora kepengin diurmati dening manungsa.

42. Nanging tumrap kowe, Aku wus weruh, manawa padha ora kadunungan katresnan sajroning atimu marang Gusti Allah.

43. TekaKu iki atas asmane RamaKu, nanging ora koktampani. Manawa ana wong liya kang teka atas jenenge dhewe iku bakal koktampani.

44. Kowe iku anggonmu pada bisa pracaya kapriye, dene padha purih-pinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha-Tunggal iku ora kokgayuh.

45. Kowe aja padha duwe pangira yen Aku kang bakal nggugat kowe ana ing ngarsane Sang Rama, kang nggugat kowe iya iku Nabi Musa, yaiku Nabi Musa dununging pangarep-arepmu.

46. Sabab saupama kowe padha pracaya marang Nabi Musa, mesthi iya pracaya marang Aku, amarga Aku wus diwecakake ana ing tulisane.

47. Nanging manawa kowe padha ora ngandel marang tulisane Nabi Musa, kapriye anggonmu bakal padha pracaya marang kang Dakkandhakake?”

Yokanan 5