8. Awit para sakabate lagi padha menyang kutha tuku pangan.
9. Wong wadon mau banjur munjuk: “Kadospundi dene Panjenengane tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria?” (Awit wong Yahudi ora srawung karo wong Samaria.)
10. Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”
11. Unjuke wong wadon mau: “Bendara, Panjenengan boten kagungan timba, mangka sumuripun lebet, dados saking pundi anggen Panjenengan angsal toya gesang punika?
12. Panjenengan mesthi boten nglangkungi leluhur kula Yakub ingkang maringaken sumur punika dhateng bangsa kula. Dene panjenenganipun ugi ngunjuk saking sumur punika, samanten ugi para putra lan kewanipun.”
13. Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sapa wong kang ngombe banyu iki bakal ngelak maneh,
14. nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.”
15. Unjuke wong wadon mau: “Bendara, kula Panjenengan paringi toya punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta boten sisah ngangsu mriki malih!”
16. Pangandikane Gusti Yesus: “Lungaa, undangen bojomu, tumuli balia mrene!”