Yokanan 4:46-54 Kitab Sutji (JAV)

46. Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyang ing Kana ing tanah Galilea, panggonane nalika Panjenengane nyabdakake banyu dadi anggur. Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara.

47. Nalika priyayi mau krungu warta manawa Gusti Yesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galilea, banjur seba marang ngarsane Gusti Yesus sarta darbe panyuwun muga karsaa tedhak nyarasake anake, awit anake iku wus arep mati.

48. Gusti Yesus tumuli ngandika marang priyayi mau: “Manawa ora ndeleng pratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padha pracaya.”

49. Unjuke priyayi mau: “Dhuh Gusti, mugi karsaa tedhak sapunika mumpung anak kawula dereng pejah.”

50. Pangandikane Gusti Yesus: “Balia, anakmu urip.” Priyayi mau pracaya marang pangandikane Gusti Yesus iku, tumuli bali.

51. Nalika isih ana ing dalan priyayi mau kapethuk abdi-abdine, kang padha nusul ngaturi pawarta, manawa anake urip.

52. Tumuli padha didangu, wayah apa anake wiwit waras. Ature: “Kala wingi wanci jam satunggal siyang, anggenipun mantun benter.”

53. Bapakne mau banjur kelingan yen ing wayah iku anggone dipangandikani dening Gusti Yesus: “Anakmu urip.” Priyayi mau tumuli pracaya dalah sabrayate kabeh.

54. Iku pratandha kang kapindho kang katindakake dening Gusti Yesus nalika kondur saka ing tanah Yudea menyang ing tanah Galilea.

Yokanan 4