Yokanan 21:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Nalika wus bangun esuk, Gusti Yesus jumeneng ana ing gegisik. Nanging para sakabate padha ora ngreti, yen iku Gusti Yesus.

5. Gusti Yesus tumuli ngandika: “He, bocah-bocah, apa kowe padha duwe lawuh?” Wangsulane: “Boten.”

6. Pangandikane Gusti Yesus: “Jalamu tibakna ing satengene prau, temah kowe bakal padha oleh.” Jalane tumuli ditibakake, nanging banjur ora kena ditarik, awit saka akehe iwake.

7. Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus tumuli kandha marang Petrus: “Iku Gusti.” Bareng Simon Petrus krungu, yen iku Gusti Yesus, tumuli nganggo sandhangane, marga isih ngliga; banjur ambyur ing sagara.

8. Praune diajokake dening para sakabat liyane, jalaran ora adoh saka ing dharatan, mung watara rong atus asta, sarta jalane kang kebak iwak iku digered.

9. Samentase ing dharatan, para sakabat padha weruh geni areng, lan iwak tumupang ing geni mau sarta roti.

10. Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabat: “Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggonmu mentas njala iku!”

Yokanan 21