13. Nalika ngarepake riyayane Paskah wong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem.
14. Ana ing Padaleman Suci Gusti Yesus mirsa wong-wong kang adol sapi, wedhus, manuk dara, apadene wong-wong preyalan padha dhasar ana ing kono.
15. Panjenengane mundhut tampar kagem pecut, banjur nundhungi wong-wong mau kabeh dalah wedhuse lan sapine, saka ing Padaleman Suci. Dhuwite preyalan-preyalan padha disuntaki, mejane padha digolingake.
16. Bakul-bakul dara padha kadhawuhan mangkene: “Kabeh iki padha singkirna saka ing kene! Padalemane Rama-Ku aja kokgewe omah padagangan.”
17. Para sakabate tumuli kelingan manawa ana tulisan mangkene: “Katresnan Kawula dhateng Padaleman Paduka punika ngantos nggrantesaken Kawula.”
18. Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: “Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan ketingalaken dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakaken pratingkah kados makaten?”