2. Para parjurit banjur padha nganam eri kanggo makuthan diagemake ing mustakane, sarta diagemi jubah wungu,
3. tumuli padha maju sarta ngucap: “Sugeng, ratunipun tiyang Yahudi!” Wong-wong mau banjur napuk pasuryane.
4. Sang Pilatus tumuli miyos maneh sarta ngandika marang wong-wong: “Lah tontonen, iku wonge dakwetokake marang ngarepmu, supaya kowe padha sumurup, yen mungguh ing aku ora ana kaluputane.”
5. Gusti Yesus tumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubah wungu. Pangandikane sang Pilatus marang wong-wong: “Sawangen manungsa iku!”
6. Nalika para pangarepe imam lan para wong jaga ndeleng marang Gusti Yesus, banjur padha mbengok: “Kasaliba, kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Wis, gawanen lan saliben; awit mungguh ing aku ora ana kaluputane apa-apa.”
7. Wangsulane wong-wong Yahudi: “Kula sami gadhah angger-angger, dene miturut angger-angger wau tiyang punika kedah pejah, amargi ngaken-aken Putanipun Allah.”
8. Sang Pilatus bareng miyarsa atur kang mangkono iku, saya wuwuh ajrihe,
9. banjur lumebet ing gedhong pangadilan maneh sarta ngandika marang Gusti Yesus: “Asal Panjenengan saking pundi?” Nanging Gusti Yesus ora paring wangsulan.
16b. Gusti Yesus nuli ditampani.
17. Banjur miyos kalawan manggul salibe lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.
18. Ana ing kono tumuli kasalib bareng karo wong loro liyane, dumunung ing kiwa lan tengene, Gusti Yesus ana ing tengah.
19. Sang Pilatus uga dhawuh masang tulisan ana ing sadhuwure salib, unine: “Yesus Nasarani, Ratune wong Yahudi.”
20. Akeh wong Yahudi kang maca tulisan mau, amarga papan panyalibe Gusti Yesus iku cedhak kutha, lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latin lan Yunani.
21. Para pangarepe imam bangsa Yahudi banjur padha matur marang Sang Pilatus: “Panjenengan sampun nyerat: Ratune wong Yahudi, nanging bilih pangakenipun: Aku iki ratune wong Yahudi.”
22. Wangsulane Sang Pilatus: “Apa kang wus daktulis, tetep katulis.”
23. Sawuse para prajurit mau padha nyalib Gusti Yesus, banjur padha njupuk pangagemane dipara papat, saben prajurit nyaduman lan ageme jubah uga kajupuk. Jubah iku ora nganggo dondoman, tenunane lajuran wiwit saka ing dhuwur tutug ing ngisor.
24. Kang iku prajurit mau padha rembugan: “Iku aja dibage-bage dadi suwekan, ayo padha digebug ing dhadhu kanggo nemtokake sapa kang bakal nduweni.” Iku supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci:Sandhangan Kawula sami dipun dumdum, saha jubah Kawula dipun gebag ing dhadhu.”Kang mangkono iku wus katindakake dening para prajurit iku.
25. Anadene kang ibu lan sadulure kang ibu, Maryam, bojone Klopas tuwin Maryam Magdalena padha ngadeg cedhak salibe Gusti Yesus.
26. Bareng Gusti Yesus mirsani kang ibu lan sakabat kang dikasihi ngadeg sandhinge, banjur ngandika marang kang ibu: “Ibu, punika ingkang putra!”