Yokanan 19:15-20 Kitab Sutji (JAV)

15. Nanging wong-wong mau padha bengok-bengok: “Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Apa aku kudu nyalib ratumu?” Wangsulane para pangarepe imam: “Kula sami boten gadhah ratu kajawi namung Sang Nata Agung.”

16a. Wasana Sang Pilatus banjur masrahake Gusti Yesus marang wong-wong mau supaya disalib.

16b. Gusti Yesus nuli ditampani.

17. Banjur miyos kalawan manggul salibe lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.

18. Ana ing kono tumuli kasalib bareng karo wong loro liyane, dumunung ing kiwa lan tengene, Gusti Yesus ana ing tengah.

19. Sang Pilatus uga dhawuh masang tulisan ana ing sadhuwure salib, unine: “Yesus Nasarani, Ratune wong Yahudi.”

20. Akeh wong Yahudi kang maca tulisan mau, amarga papan panyalibe Gusti Yesus iku cedhak kutha, lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latin lan Yunani.

Yokanan 19