Yokanan 18:3-12 Kitab Sutji (JAV)

3. Yudas banjur teka ing kono kanthi prajurit sapantha lan para tukang jaga Padaleman Suci, kang diutus dening para pangarepe imam tuwin para wong Farisi, padha nggawa ting lan obor sarta gegaman.

4. Anadene Gusti Yesus wus mirsa apa sabarang kang bakal nempuh marang sarirane, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau: “Kowe padha nggoleki sapa?”

5. Wangsulane kang kadangu: “Yesus Nasarani.” Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki.” Yudas kang ngulungake Panjenengane uga ngadeg ana ing kono awor karo wong-wong mau.

6. Bareng padha kadhawuhan: “Iya Aku iki,” tumuli padha mundur sarta niba ing lemah.

7. Gusti Yesus banjur ndangu maneh: “Kowe padha nggoleki sapa?” Unjuke wong-wong mau: “Yesus Nasarani.”

8. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku wus tutur marang kowe, iya Aku iki wonge. Manawa Aku kang kokgoleki, wong-wong iki kareben padha lunga.”

9. Mangkono iku supaya kayektenana ature kang mangkene: “Tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika boten wonten satunggal-tunggala ingkang kawula icalaken.”

10. Simon Petrus kang asikep pedhang, banjur ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kang tengen perung. Abdi mau jenenge Malkhus.

11. Gusti Yesus tumuli ngandika marang Petrus: “Pedhangmu wrangkakna; apa Aku ora kudu ngombe isine tuwung peparinge Sang Rama marang Aku?”

12. Prajurit sapantha lan opsire dalah para tukang jaga, kang dikongkon dening wong Yahudi banjur nyekel Gusti Yesus tumuli kabesta,

Yokanan 18