1. Kaya mangkono mau pangandikane Gusti Yesus. Panjenengane banjur tumenga marang langit sarta matur: “Dhuh Rama, sampun dumugi ing wancinipun; mugi Putra Paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka.
2. Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun.
3. Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.
4. Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi kanthi patrap anggen Kawula sampun ngrampungaken padamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula supados katindakaken.
5. Dene sapunika, dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken Kawula wonten ing pangayunan Paduka piyambak kanthi kaluhuran ingkang dados gadhahan Kawula wonten ing ngarsa Paduka saderengipun jagad dumados.