8. Dene iku sarawuhe, bakal ngyakinake marang jagad bab dosa, bab kayekten, lan bab pangadilan;
9. bab dosa, amarga padha tetep ora pracaya marang Aku.
10. Bab kayekten, awit Aku lunga marang ing ngarsane Sang Rama lan kowe padha ora ndeleng Aku maneh;
11. bab pangandilan, amarga panggedhene jagad iki wus diadili.
12. Isih akeh prakara kang prelu Daktuturake marang kowe, nanging saiki kowe durung bisa nggayuh.
13. Nanging yen Sang Juru Panglipur iku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane. Awit mungguh pamangsite iku ora bakal saka karsane piyambak, nanging sapamirenge iku kang bakal diwangsitake sarta kowe bakal diwartani bab-bab kang bakal kalakon.
14. Panjenengane bakal ngluhurake Aku, amarga bakal martosake marang kowe apa kang katampi saka Aku.
15. Apa sakagungane Sang Rama, iku iya duwekKu; mulane Aku pitutur: Sang Juru Panglipur bakal martosake marang kowe apa kang wus katampi saka Aku.”
16. “Mung kari sadhela kowe nuli bakal ora padha ndeleng marang Aku. Lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh.”
17. Krungu kang kaya mangkono iku sakabate ana sawatara kang tumuli padha rasanan: “Apa ta tegese pangandikane marang aku: Kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng marang Aku, sadhela engkas banjur padha ndeleng Aku maneh? Lan maneh: Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama?”
18. Pangucape: “Apa ta tegese pangandika: Mung kari sadhela? Aku padha ora ngreti apa kang dipangandikakake iku.”