29. Unjuke para sakabate: “Lah, sapunika pangandika Paduka sabaresipun kemawon, sampun boten adhapur pasemon.
30. Sapunika kawula sami sumerep, bilih Paduka mirsa samukawis lan boten susah tiyang munjuk pitaken dhateng Paduka. Pramila kawula sami pitados, bilih pinangka Paduka punika saking Gusti Allah.”
31. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe saiki padha pracaya?
32. Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane malah iya wus tumeka, kowe padha kabuyarake ing sapara-paranmu dhewe-dhewe, lan Aku koktinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amarga Sang Rama nunggil karo Aku.