Yokanan 13:20-38 Kitab Sutji (JAV)

20. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nampani wong kang Dakutus, iku nampani Aku, lan sapa kang nampani Aku, iku nampani Panjenengane kang ngutus Aku.”

21. Sawuse Gusti Yesus ngandika mangkono, Panjenengane banget trenyuh ing galih, sarta banjur paring paseksen mangkene: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Wong siji panunggalanmu bakal ngulungake Aku.”

22. Para sakabat tumuli padha pandeng-pandengan, kanthi melang-melang, sapa kang dipangandikake iku.

23. Sawijining sakabate, iya iku sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus, lungguh sendhen sandhing Panjenengane, ing sisih tengene,

24. iku disasmitani dening Simon Petrus sarta dicalathoni: “Nyuwuna pirsa sapa kang dipangandikakake iku.”

25. Sakabat kang lungguh cedhak Gusti Yesus mau tumuli noleh sarta matur marang Gusti Yesus: “Gusti, sinten tiyangipun?”

26. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wonge iya iku kang bakal Dakwenehi roti sawuse Dakcelupake.” Sawuse ngandika mangkono, banjur mundhut roti sarta kacelupake tumuli kaparingake marang Yudas anake Simon Iskariot.

27. Lan sawuse nampani roti iku, Yudas tumuli kapanjingan Iblis. Gusti Yesus tumuli ngandika marang dheweke: “Apa kang dadi sedyamu iku enggal tindakna!”

28. Ananging ora ana wong siji-sijia ing antarane para sakabat kang padha kembulan iku kang mangreti, apa karsane Gusti Yesus ngandika mangkono marang Yudas iku.

29. Sarehne Yudas kang nyekel kas, ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesus ngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi dedana marang wong miskin.

30. Yudas nampani roti iku banjur enggal-enggal lunga. Nalika iku wayahe wis wengi.

31. Sawuse Yudas lunga, Gusti Yesus banjur ngandika: “Samengko Putraning Manungsa kaluhurake sarta Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane.

32. Manawa Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane, Gusti Allah iya bakal ngluhurake Panjenengane ana ing sarirane piyambak, malah Panjenengane bakal tumuli kaluhurake.

33. He, anak-anakuKu, anggonKu tunggal karo kowe mung kari sadhela. Kowe bakal padha nggoleki Aku, kayadene anggonKu wus tutur marang wong Yahudi: Ing ngendi paranKu, kowe ora bakal padha bisa mrana, saiki Aku iya pitutur mangkono marang kowe.

34. Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.

35. Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yen kowe padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowe padha tresna-tinresnan.”

36. Simon Petrus tumuli munjuk: “Gusti, Paduka tindak dhateng pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyang ngendi paranKu kowe ora bisa melu Aku saiki, nanging besuk kowe bakal padha nusul Aku.”

37. Unjuke Petrus: “Gusti, punapaa kawula boten saged ndherek Paduka samangke? Kawula badhe ngetohaken nyawa kawula kagem Paduka.”

38. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nyawamu bakal koketohake kanggo Aku? Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge jago kluruk, kowe wus nyelaki Aku ambal ping telu.”

Yokanan 13