Yokanan 13:11-21 Kitab Sutji (JAV)

11. Awit Gusti Yesus mirsa sapa kang bakal ngulungake sarirane. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Kowe iku ora kabeh resik.”

12. Sawuse Gusti Yesus ngwijiki sikile para sakabat mau, banjur ngrasuk pangagemane maneh lan wangsul lenggah sarta ngandika: “Apa kowe padha ngreti tegese panggaweKu marang kowe iku mau?

13. Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wus bener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti.

14. Dadi manawa Aku iki kang dadi Gusti lan Gurumu wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowe iya padha kuwajiban wisuh-winisuhan sikil.

15. Awit Aku wus menehi tuladha marang kowe, supaya kowe kabeh uga nindakake kaya kang wus Daktindakake marang kowe.

16. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sawijining abdi iku ora ngungkuli bendarane, utawa sawijining utusan iya ora ngungkuli kang ngutus.

17. Manawa kowe padha sumurup prakara iki kabeh, rahayu kowe, manawa kowe kabeh padha nglakoni.

18. PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh: Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nendha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula.

19. Samengko kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya manawa bab iku kalakon, kowe padha pracaya, yen iya Aku iki Panjenengane.

20. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nampani wong kang Dakutus, iku nampani Aku, lan sapa kang nampani Aku, iku nampani Panjenengane kang ngutus Aku.”

21. Sawuse Gusti Yesus ngandika mangkono, Panjenengane banget trenyuh ing galih, sarta banjur paring paseksen mangkene: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Wong siji panunggalanmu bakal ngulungake Aku.”

Yokanan 13