1. Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesu wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.
2. Nalika Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus.
3. Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah.
4. Gusti Yesus banjur jumeneng sarta lukar pangageman lan mundhut lawon banjur diubetake ing sarirane,
5. tumuli ngesok banyu ing pawisuhan, sarta wiwit ngwijiki sikile para sakabate lan kausapan kalawan lawon kang kaubetake ing sarirane mau.
6. Sarawuhe ing panggonane Simon Petrus, Petrus tumuli munjuk: “Gusti Paduka badhe ngwijiki suku kawula?”
7. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kang Daktindakake, saiki kowe durung nyandhak tegese, nanging besuk kowe bakal mangreti.”
8. Unjuke Petrus: “Paduka sampun ngantos ngwijiki suku kawula ing salami-laminipun.” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Manawa Aku ora ngwisuhi kowe, kowe ora nduweni panduman ana ing Aku.”
9. Unjuke Simon Petrus: “Gusti, sampun ngamungaken suku kawula kemawon, nanging dalah tangan saha sirah pisan.”
10. Pangandikane Gusti Yesus: “Wong kang wus adus, ora susah adus maneh, cukup mung wisuh sikil bae, awit badane sakojur wus resik. Mangkono uga kowe iku wus resik, mung bae ora kabeh.”
11. Awit Gusti Yesus mirsa sapa kang bakal ngulungake sarirane. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Kowe iku ora kabeh resik.”
12. Sawuse Gusti Yesus ngwijiki sikile para sakabat mau, banjur ngrasuk pangagemane maneh lan wangsul lenggah sarta ngandika: “Apa kowe padha ngreti tegese panggaweKu marang kowe iku mau?
13. Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wus bener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti.
14. Dadi manawa Aku iki kang dadi Gusti lan Gurumu wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowe iya padha kuwajiban wisuh-winisuhan sikil.