8. Awit wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe, nanging Aku iki anaKu ing kowe ora salawase.”
9. Anadene akeh wong Yahudi kang krungu warta, manawa Gusti Yesus ana ing kono lan padha teka ora mung marga saka Gusti Yesus bae, ananging uga padha arep ndeleng Lazarus, kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati.
10. Para pangarepe imam tumuli padha pirembugan, sumedya mateni Lazarus pisan,
11. sabab marga saka Lazarus iku wong Yahudi akeh kang padha nyingkur marang para pangarepe imam, lan pracaya marang Gusti Yesus.
12. Esuke bareng wong akeh kang padha teka mahargya riyaya krungu warta, manawa Gusti Yesus isih ana ing dalan arep tindak menyang Yerusalem,
13. wong-wong iku banjur padha njupuki papahe wit palem, tumuli metu padha methukake Panjenengane, kambi surak-surak:“Hosana!Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran, Ratunipun Israel!”
14. Gusti Yesus banjur manggih kuldi isih belo, tumuli dititihi, nocogi kang katulisan mangkene:
15. “He, putri Sion, sira aja wedi,lah, tontonen Ratunira rawuh,nitih beloning kuldi.”
16. Para sakabate Gusti Yesus ing wiwitan ora nyandhak marang prakara iku, nanging sawise Gusti Yesus kaluhurake, lagi padha kelingan, yen nas iku kagem Panjenengane lan manawa bab iku wus katindakake uga kagem Panjenengane.
17. Anadene wong akeh kang ndherekake Panjenengane nalika nimbali Lazarus metu saka ing kubur lan nangekake saka ing antarane wong mati, padha nekseni ing bab Panjenengane.
18. Mulane Panjenengane dipethuk dening wong akeh iku, marga padha krungu warta, manawa Panjenengane kang nindakake mukjijat iku.
19. Para wong Farisi banjur padha sapocapan: “Kowe wus padha weruh dhewe, yen kowe padha ora oleh gawe babar pisan; tontonen, wong sajagad kabeh padha ngetut-buri Dheweke.”
20. Ing antarane wong-wong kang nekani riyaya arep sembahyang iku, ana wong Yunani sawatara.
21. Wong-wong iku padha marani Filipus, kang saka ing Betsaida tanah Galilea, padha calathu marang dheweke: “Kisanak, kula sami kapengin badhe sowan manggihi Gusti Yesus.”
22. Filipus tumuli lunga ngandhani Andreas; Filipus karo Andreas tumuli padha lunga munjuk marang Gusti Yesus.